Tek pikir pikir, ak kue bocahe ya ora bener bgt, tp janjane ya ora nakal nakal bgt, standare bocah lanang lah. Ora ngalim bgt tp ya ora kafir bgt, Ora pinter tp ya ora goblok nemen. Kadang kadang nek kon mikir utekku Mandan males, nek angel sitik seakan akan nggarap gawean sing berat bgt. Kepengine sih semangat terus, tp ana bae sing nggawe ora semangat, nek malesku kumat, , , beuuuuhhh ngenekkine poll. Ak due kanca, bocahe ngalim, pinter, mandiri, ak gumun karo bocahe, dewekke bisa deneng inyong ra bisa?? Jujur bae inyong iri, kepengin bisa kaya dewekke tp sayange utekku kie Mandan dol, ujarku mangane ya pada bae karo sega, nginume karo banyu, nek turu matane ya merem, tapi koh ya jan tetep bae ora bisa. Wis semester 7 tp kayane inyong rung bisa ngapa ngapa. Nek waktu bisa tek puter mundur, ak pengin sekolah nang pondok pesantren modern, bar kue kuliah nang Al Azhar, bali bali dadi guru ngaji nek ora dadi PNS nang Depag ( nang apa ak pengin dadi PNS, kemungkinan waktu go anak bojoku lewih akeh “ngayal maning ngayal maning, hahahaha”) sekolah nang sekolah negeri menurutku ora konkrit, apa maning nek sekolah nang tlacap gaweane kur dolan tok (pengalaman coy). Nek ak due anak ora bakalan tek sekolahna nang SMA Negeri Cilacap, aja ngasi. . . . . . ! ! Insya Alloh tek sekolahna nang pondok pesantren modern, dg harapan dadi bocah sing ngalim, pinter, dewasa, berbakti pada wong tuane (inyong gitu lohhhh)
5 hari menjelang ulang tahunnya (jazakalloh khairan)
Ngalim, pinter, dewasa (untuk orang seusianya). Mergane bocah kue, ak dadi eling karo sholat maning, pikiranku Mandan bener maning. Awal kuliah, ak tau ngrasakna, tp ra pengin. Nah sing kie beda, selain ngrasakna, ak juga pengin due. Nek sing kie ak ra pengin ngomong: “ Denganmu hanya mencintai bayangan dan pikiranya saja” (beuhhhhh Prek! Prek! Prek! Prek! Lebay. . . . heheheh).
kalau kau tanya apa itu cinta
lihatlah dimataku
cinta telah meninggalkan jejak cahaya disana
kalau kau tanya kenapa bisa begitu,
jawabnya adalah kamu
kalau masih ada pertanyaan kenapa harus kamu,
terus terang..
aku tak tahu.
karena kata-kata
tak sanggup lagi menenyampaikan isyarat hatiku.
Ak simpatik kro koe, matur nuwun bgt atas bahasa non verbalmu, , , .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar